TEKS PRANATACARA
Alhamdulilah.
Wasyukurilah. Wa’ala alihi wasabbihi wamawwalah. Wala khaula walaquata
illabillah.
Dhumateng ngarsanipun Bapak Lurah
Desa....... ingkang kinurmatan, sagung para tamu kakung dalasan putri ingkang
tansah winantu ing bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kula
dherekaken ngunjukaken puji syukur dhateng Gusti Allah SWT. Ingkang sampun
kepareng rahmat, taufik, lah hidayah dhateng kula panjenengan sedaya sahingga
ing wekdal dinten punika kula panjenengan saged makempal kanthi winantu ing
karaharjan.
Salajengipun keparenga kula
lumarap atur wonten ngarsa panjenengan sadaya awit kula ingkang piniji minangka
pranatacara ingkang badhe ndherekaken lampahing adicara punika.
Awit berkahing Gusti ingkang Maha
Agung kasembuh donga pamuji panjenengan sedaya dinten punika pembangunan gedung
serbaguna desa.........sampun pari
purna. Awit saking keparengipun Bapak Lurah Desa ....... ingkang sinengkuyung
dening sedaya para warga masyarakat dinten punika gedung serbaguna Desa ........... dipun resmekaken.
Wondene adicara ing peresmian
gedung, keparenga badhe kula waosaken:
1.
Sepisan: Salam pambuka
2. Angka kalih : 1) Tanggap wacana ketua
panitia
2) Tanggap sabda Bapak Lurah Desa.........
3. Kalejengaken acara simbolis “potong
pita” ingkang dipun sarirani dening Bapak lurah.
4. Adicara kaping sekawan inggih punika
pasugatan hiburan saha andramina.
5. Wondene adicara angka gangsal inggih
punika panutup.
Mekaten para
rawuh urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing dalu punika. Sarehne
samudayanipun sampun satata saha sumekta pramila keparenga adicara kula awiti.
Minangka pambuka
laksitaning adicara, sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga
kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Kanthi maos
lafal Basmalah.
Adicara ingkang
angka kalih inggih punika tanggap wacana dening ketua panitia pembangunan
gudung serba guna Desa ..........., Bapak .......... Katur dhumateng Bapak .........., kula
sumanggaaken.
==================================================================
Tanggap sabda dening Bapak Lurah Desa ........,
Bapak ......... . Kalajengaken acara simbolis “potong pita” ingkang dipun sarirani
dening Bapak Lurah. Katur dhumateng Bapak......, kula sumanggaaken.
Adicara kaping
sekawan inggih punika pasugatan hiburan saha andramina.
==================================================================
Para lenggah ingkang kinurmatan ndungkap
adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup. Mbok bilih sak dangunipun kula
dherekaken lampahing adicara punika jejering pranata kathah atur ingkang kirang
nuju prana menapa dene tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu kanthi
andhap asoring manah kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun
agunging pangapunten. Sumangga adicara punika kita pungkasi kanthi maos lafal Hamdalah.
Wassalamualaikum
Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar